Dang Donyo Piro Suwene
June 6th, 2012 | by kangdiman |Ning ndunyo piro suwene
njur bali ning panggonane
ning akherat yo sejatine
mung amal becik sangune
ojo ngucap “bodo yo ben”
nggolek ilmu kudu telaten
…..
ning ndunyo peteng mripate
menungso kesasar dalane
nuntut ilmu ilang faedahe
do sembahyang salah niate
ning ndunyo rep ngopo rumangsane
kedabikan mrono, biayakan mrene
nguber kuoso lan bondo ora enteke
kabeh do ketlandur, mesakno anak lan putune
..
(kiaikanjeng-emha ainun najib)
One Response to “Dang Donyo Piro Suwene”
By komodo island on Apr 23, 2013 | Reply
jero temen kuwe.